Kamis, 30 Juni 2016

tahukah kamu mengapa edan itu ada yang bilang tidak sakit?

WONG EDAN

golongane wong kang mulyo ing ngersane gusti allah.

begini ceritanya.. mengapa ada orang yang mengatakan orang edan itu selalusehat ?
 
Yen njenengan perso wong edan sing kleleran nang ndalan,trus mikir deneyo deweke ora tau loro? Kamongko ora tau adus,mangan ngombene sembarangan,ora ngnggo sandangan utuh lan kemproh,nanging tetep sehat,wangsulane gampang; sebab deweke ora tau stres,ora duwe beban pikiran,ora perduli kiwo tengene,uripe tansah tenang lan ayem.

Wong edan bedo karo wong waras,ora tau ngarani pngn mangan opo,yen lagi ngelih ketemu opo wae di emplok,entuk roti basi nang tempat sampah yo di pangan,sing penting wetenge isi trus mlaku mlaku meneh,turu sak nggon nggon yo angler.

Yen wong waras mesti milih ndahar lan ngunjuk enak nikmat tur bergizi.

Ono istilah "psychosomatis;ono wong loro,kamongko secara fisik ora ono organ tubuh sing loro,iki amergo psikis (jiwane) lg loro,luar biasa,mergo nandhang stres wong edan dadi lan warase.
Kasunyatan,wong edan ora tau nyebut kurang,tansah nompo tanpo nggrundel karo peparinge gusti allah,ora tau njaluk opo opo.

Naliko nandhang loro,ora di rasakke lan tetep ninda'ake penggawean koyo biasane.Apike meneh,wong edan kui ora tau ngganggu utowo gawe rugine wong lio.

Bedo banget karo wong waras sing tansah kekurangan,wis duwe bayaran akeh isih korupsi,wes duwe omah lan lemah isih pngn tuku meneh jarene kanggo investasi,wes duwe mobil pngn mobil mewah,wes duwe bojo ayu tur gemati yo isih selingkuh lan nglirik bojone tonggo,dsb.

Roso warso kekurangan iki nanda'ake wong waras kakean pikiran,pngn cepet2 kaleksanan opo sing di gayuh.nek ora kaleksanan dadi stres...

Ono cerito; goro goro nyalon bupati wes entek duit milyaran rupiah,ndilalah kalah ora dadi,stres ndleming turut ndalan alias edan....
Wong edan sing di sepelekke lan di sio sio dening wong waras kui klebu golongane wong sing mulyo nang ngersane gusti allah,deweke ora duwe kewajiban ninda'ake syarengat agomo (sholat,poso,dll),ora kenggonan dosa selagine durung waras.
Wong mati ing ndalem kahanan edan kui ora di hisab,ora di timbang ganjaran lan dosone ing akherat mengko.

Opo panjenengan gelem dadi golongane wong mulyo nanging nandang koyo ngono????
Wes.....wes,sing waras ngalah.mulo wiwit saiki ayo podo syukur,gelem weweneh lan nenampan kanti ihlas.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar